Soal Bahasa Jawa Kelas 6 PTS Semester 1 - Pos Madrasah

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 PTS Semester 1

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 - Apakah bapak ibu guru sedang membutuhkan soal bahasa jawa kelas 6, kebetulan admin saat ini sedang memposting soal PTS bahasa jawa kelas 6 semester 1.

Soal Bahasa Jawa Kelas 6

Soal bahasa jawa adalah mata pelajaran muatan lokal yang harus dilestarikan. Berikut ini contoh soal bahasa jawa yang terdiri dari pilihan ganda, isian dan uraian

Contoh Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1 Penilaian Tengah Semester


Wacanen kang premati !

Ngopeni Banyu, Sumber Panguripan

          Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip, ora bakal bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhake, banyu sing resik, kang bebas polusi. Nyatane ing jaman saiki angel banget golek banyu sing resik bebas polusi. Sumber banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kenek polusi, amargo kanggo buwangan uwuh lan limbah pomahan uga limbah pabrik.

          Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanti nandur wit-witwn sakiwa tengene sumber, aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali. Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan. (kapetik saka Tantri Basa).

A. Wenehana tandha ping(X)ing aksara a,b,c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang bener !

1. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku....
a. banyu
b. Sumber banyu
c. Ngopeni banyu Sumber panguripan
d. Banyu reged

2. Banyu sing dibutuhake kanggo panguripan yaiku banyu sing ....
a. resik
b. reged
c. kena polusi
d. buthek

3. Mbuwang sampah menyang kali marakake....
a. banjir
b. mili banter
c. resik
d. banyune akeh

4. Unsur crita kang ngemot pitutur utawa sesorah diarani....
a. paragraf
b. pidato
c. tema
d.amanat

5. Ing ngisor iki kang ora kalebu arane crita bocah yaiku....
a. Kebo lan Wedus
b. Semut lan Walang
c. Sunan Kalijaga
d. Manuk Gagak lan Kendhi

6. Kenthongan iku digawe saka....
a. pring
b. perak
c. tembaga
d. emas

7. Jinise wit-witan kang empune bisa kanggo gawe jamu yaiku....
a. tela
b. jahe
c. pohung
d.mbothe

8. Tuladha penutup sesorah yaiku....
a. Mugi-mugi menapa ingkang kula aturaken saged mupangati.
b. Kula aturaken maturnuwun bilih panjenenganrawuh.
c. Dumateng para pepunden saha para lenggahan sedaya.
d. Mekaten atur kula,menawi wonten kalepatan nuwun agunging pangapunten.

9. Sadurunge nindakake sesorah utawa pidhato, becike....
a. gawe cengkorongan
b. ngapalaken isine
c. nyalin kesimpulane
d. aweh ngerti

10. Wong kang pegaweane gawe gerabah diarani....
a. kemasan
b. empu
c. kundhi
d. blantik

11. Tembang macapat cacahe ana....
a. 10
b. 11
c. 12
d. 13

12. “Anoman malumpat sampun”. Penggalan tembang kinanthi ing nduwur....guru wilangan
a. 6
b. 7
c. 8
d. 10

13. Sing dudu perangan tembang macapat yaiku guru....
a. wilangan
b. lagu
c. gatra
d. basa

14. Mustakane simbah ora bisa noleh.Tegese tembung “mustaka” yaiku....
a. mripate
b. sirahe
c. wetenge
d. sirahe

15. Sapa sing tuku klambi kae. Ukara ing nduwur sing trep diwenehi tanda....
a. koma
b. pitakon
c. seru
d. titik

16. ... cacahipun aksara jawi?
a. Sinten
b. Pinten
c. Sapa
d. Ngapa

17. Aksara jawa kang nomer lima yaiku ....
a. na
b. ca
c. ka
d. da

18. Supaya aksara diwaca “u” diwenehi....
a. taling tarung
b. pepet
c. suku
d. wulu

19.

a. Aku tuku klambi lima
b. Aku nganggo klambi anyar.
c. Aku tuku krambil sanga.
d. Aku krambil lima.

20. Gambang olehe nabuh di....
a. thuthuk
b. tarungaken
c. damu
d.keplak

21. Hawa ing mangsa ketiga yen bengi biasane adhem....
a. dhedhet
b. mbranang
c. thuntheng
d. njekut

22. Nandur wit-witan iku kudu dirabuk lan disiram supaya....
a. mati
b. garing
c. subur
d. rusak

23. Tukua bayem.... wae ya! Kanggo sayur bening.
Tembung kang mathuk kanggo ukara ing nduwur yaiku....
a. sabungkul
b. saunting
c. saglangsing
d. sakranjang

24. Darman negor gedang ... ing tegalan.
a. sajanjang
b.sadhompol
c.sauler
d.satundhun

25. Jumadi dolanan bal-balan ing lapangan. Ukara ing ndhuwur lesane....
a. ing lapangan
b. bal-balan
c. dolanan
d. jumadi

B. Jawaben ngganggo jawaban kang patitis !

1. Wardoyo bocah sing pinter .Kosok baline jujur yaiku....
2. Cacahing baris wonten ing ing tembang macapat diarani guru....
3. Eseme Susi pait madu. Pait madu tegese....
4. Uwi, gembili, ketela kalebu tanduran....
5. Emas, berlian, perak , perunggu iku kalebu bandha rajabrana. Jaran, kebo, sapi iku kalebu bandha raja....
6. Sidoarjo,10 Agustus 2019
Ukara ing ndhuwur kalebu perangane layang kang diarani....
7. Mangsa akeh udan iku kalebu mangsa....
8.
yen ditulis latin dadi ...


9. Putra Pandhawa kang nomer telu arane ..
10. Pakdhe nembe turu. Tembung turu sing bener yaiku ...

C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

1. Ukara ing ngisor iki salinen nganggo kromo alus!
Ibu adus jam sanga mau
2. Salinen nganggo aksara jawa “mangan nans legi”.
3. Aranana 3 putra Pandhawa lima!
4. Apa tegese dawa tangane,dawa ususe,lan lunyu ilate!
5. Tulisen 3 arane tembang!

Untuk dapat mengunduh soal bahasa jawa diatas silahakan klik link didibawah ini yang kami sediakan.

Link download Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1 PTS ganjil


Adapun soal-soal PTS kelas 6 berbagai mata pelajaran yang lain bapak ibu guru bisa mengunduhnya melalui link yang dibawah

Soal PTS Kelas 6 Tema 1
- Soal PTS Kelas 6 Aqidah Akhlak
Soal PTS Kelas 6 Tema 2
- Soal PTS Kelas 6 Al Qur'an Hadits
- Soal PTS Kelas 6 SKI
- Soal PTS Kelas 6 Fikih
- Soal PTS Kelas 6 Bahasa Arab
- Soal PTS Kelas 6 Bahasa Jawa
- Soal PTS Kelas 6 PJOK
- Soal PTS Kelas 6 Matematika
Soal PTS Kelas 6 Bahasa Inggris
- Soal PTS Kelas 6 Aswaja/KeNUan

Jangan lupa pula untuk mengunjungi soal PTS Kelas 6 lainnya di kumpulan soal PTS Kelas 6

Untuk bisa menulis huruf atau aksara jawa bapak ibu guru kelas 6 bisa menggunakan font hanan yang banyak tersebar dan dapat diunduh gratis melalui internet.

Demikian share soal bahasa jawa kelas 6 PTS 1 untuk latihan ulangan persiapan tengah semester. Semoga bisa bermanfaat dan berguna.

Comments

= > Silahkan berkomentar sesuai dengan topik artikel diatas
= > Berkomentar dengan url ( mati / hidup ) tidak akan di publish
EmoticonEmoticon